Diberdayakan oleh Blogger.

Kamis, 28 Juli 2011

Eling..Eliiiiinggg....

Eling kudu tansah semende marang
pepesten.
Eling kudu tansah pasrah ing Allah. Eling
kudu rumangsa mung dadi titah.
Eling kudu rumangsa saderma nglakoni.
Eling kudu tansah sabar narima. Narimo ing
pandum.
Eling kudu tansah lila legawa, bisa gawe
seneng atine liyan.
Eling kudu mulat salira/tepa slira. Eling kudu
welas asih ing sapada – pada, nguwongke
wong.
Eling kudu bisa ngregani marang liyan,
sumanak lan sumadulur.
Eling kudu ngerti lan tansah nganggo tata
krama, tata susila, unggah ungguh, tata
basa.
Eling kudu tata, tangguh, tanggap, tanggon,
alon – alon waton klakon. Eling kudu taberi,
nastiti, ngati – ati, tlaten.
Eling kudu tansah ngugemi janji, ora mencla -
mencle.
Eling kudu seneng tetulung, seneng dedana
marang kang merlokake. Eling aja nganti lali
marang Gusti Allahe. Eling aja gawe seriking
liyan. Eling aja kumentus, umuk, keminter,
arep menange dewe.
Eling aja dumeh, sumakeyan, adigang,
adigung, adiguna.
Eling aja nguthuh, mbeguguk nguta waton,
srakah, dremba, kemaruk, aluamah, ngangah
angah, ngaji mumpung.
Eling aja gampangan, gumunan, bingungan,
gampang gumuyu.
Eling aja ngaya, ngangsa, nggresula. Eling
aja kurang ajar, dahwen, juweh, drengki,
srei, jahil metakil.
Eling aja ma lima, madat, main, madon,
mangan, maling.
Eling aja nganti kliwatan seneng, kliwatan
susah utawa samubarang kang kliwat wates.
Eling aja gawe kapitunaning liyan, clemer,
colong jupuk, laku juti, ngapusi.
Eling aja grusa – grusu, aja briga brigi,
ngawur.
Eling aja dadi tukang goroh, cidra janji,
ngapusi, mlincur.
Eling sing sapa ngapusi bakal kaweleh.
Eling wong urip bakal mati.
Eling sing sapa nandur bakal ngunduh.
Eling sing sapa salah mesti bakal seleh, sing
goroh growah.
Eling sing becik bakal ketitik sing ala ketara.
Eling wong urip kudu samad sinamadan.
  1. Eling jer basuki mawa beya.

0 komentar:

Posting Komentar