Diberdayakan oleh Blogger.

Sabtu, 23 Juli 2011

Judheg (cerito..)

KROMPYAAANNNGGG....suoro manci aluminium dibanting nganti krungu tekan ndalan.Ora let suwe Kang Samino katon kesusu nuntun pite metu seko ngomah.Mak cengklek..Kang Samino nyengklak pite,trus digenjot ngebut tumuju ngalor ora menga mengo. Tekan kali sumber sak lore ndeso,Kang Samino mudhun seko nge-pit,disendherake pite ono wit,lan dheweke lungguh dhewe dheleg dheleg ing sak ngisore wit munggur. 

"Wong wedok,nek tak ladheni iso dadi bronthoyudho tenan,",Kang Samino grenengan dewe,karo tangane mijet pilingane sing kroso ting srenut. "Ono opo maneh Kang?" Mak Jondhil,Kang Samino kaget nganti mak jenggirat,Neng sandinge wes njlegreg Lek Tukiyat,sing ora dingerteni kapan tekone.Kanggone Kang Samino,Lek Tukiyat wes dianggep sedhulur dewe,senajan ra ono lan ra mambu sedhulur blaz. "Wah,dadi isin kulo", "Ngopo kok isin barang ki,koyo karo sopo wae,Padu karo bojomu meneh po piye..?" "Nggih mboten Lek,Namung kepingin pados angin mawon kok", "Ora sah ngapusi wong tuo,soko rupamu aku wes ngerti,pikiranmu lagi judheg,lha opo meneh nek ra padu ro bojomu ki?".

Lek Tukiyat kok ngerti wae to ,koyo dukun wae Lek?,,"Malah madakke aku koyo dukun,wes ra dadi rusio meneh,nek kowe ki tukang padhu ro bojomu,Saiki perkorone opo,nganti kowe dheleg dheleg koyo wong kelangan duwet sak kranjang"?, "lha mbok wedok iki mau ngamuk ngamuk,perabotan dibantingi ora enek larah larahane." "Halagh yo ra mungkin bojomu ngamuk ra enek jalarane ki..?"'',karo aku rA sahngapusi ngono.."??

,,"Ngene Lek,aku iki rak lagi judheg,Mbok wedhok muring muring wae,mergora tak blonjo,lan bocah2 lg remagat kabeh,kakang ragil mlebu TK,nomer loro ndaftar nek SMP lan sik ragil nangis wae njaluk susu,Kabeh ki mbutuhke duwit sing ra sithik,lha,wong koyo aku seko ngendi olehku rep oleh duwit,masang togel saben ndino ra tau oleh,pdhl angger2 nyorek mesti duwite yo mung utang2an.."!, "Ee..alah,nek perkorone koyo ngono kuwi,meh kabeh uwong sing omah2 bakal ngadepi.Saben2 thn ajaran anyarsing nduwe ank ise sekolah mesti wae mbutuhke ragat sing ora sithik.

Ning yo ojo banjur njagakke togel sing di nggo nyukup kabeh kebthn kuwi mau,yo yen tembus,yen ora kan mlh dadi mslh meneh..! .."trus py no Lek,nyambut gaweo yo nek wong koyo aku ra bakalan iso golek dwt sing okehe koyo saiki.."? "Ngene wae,ayo saiki muleh,trus wedangan nek ngomahmu,engko bojomu tak kandanane men aber olehe nesu2,trus mslh butuhmu engko dirembug nek ngomahmu py jln keluare.." Akhire Lek Tukiyat lan Kang samino muleh bareng tumuju ngomahe Kang samino..!!! Ngono tok ceritane..bingung arak di gawe piye ENDINGE ki..?hhhahaa..

0 komentar:

Posting Komentar