Diberdayakan oleh Blogger.

Rabu, 27 Juli 2011

Jhudeg Meneh

Esuk wiwit tangi turu, Kang Warijan dheleg-dheleg ana lincak ngemper omah. Sirahe krasa mumet mikirake uripe sing tambah ruwet. Atine judheg gaweyan mandheg, butuhe tambah suwe tambah seabreg. 

Eling-eling uripe ya mung dadi wong cilik, dadi buruh ana pabrik kanthi blanja dinan wae ya kerep mandheg, alias ora ajeg, nanging kabutuhane kanggo kalumrahan dadi seabreg akeh banget. Prasasat saben ndina ana wong nduwe gawe. Arep ora ditekani rasane kok ya isin lan pekewuh, mengko ndhak diarani ora rukun karo tangga. Yen ditekani, kabeh mau mbutuhake dhuwit kanggo nyumbang. Malah kerep wae prekara siji kuwi kadhang kala ndadekake sulaya rembug karo bojone. "Kok kaya wong sugih, dina-dina ngedum dhuwit". 

Sawijining dina Kang Warijan kawetu rembug marang bojone. "Nyumbang ya nyumbang, jagong ya jagong, nanging piye upamane rada dipilih-pilih?" Krungu swara sing lanang gemrengeng kaya swarane tawon, Miyem, bojone Kang Warijan, ora kuwat ngampet hawa banjur wangsulan, "Piye Kang? Aku mbok kon milih-milih? Ora bisa Kang, coba tlitinen dhewe, sing ngulemi mantu, Pakdhe Arjo karo Mas Parto kae isih sedulur dhewe, Kang Slamet, Kang Surahyo kuwi isih kecer-kecer kakangamu dewe, dene Pak Anung karo Lek Har tangga adu pager, saben ndina gabrusan ketemu, apa ya ora isin yen ketemu?"

Njagani supaya aja nganti tukaran, sing lanang banjur nylingker menyang mburi omah, ngramban godhong waru kanggo makani wedhuse. Karo makani wedhus, Kang Warijan dheleg-dheleg maneh, kelingan palapurane anake sing isih sekolah ana SD, njaluk bayaran sekolah kang nunggak telung sasi. Banjur saka koperasi ngelingake angsurane utang sing durung kebayar, katambah sumbangan sing pirang-pirang mau. Ngelingi sesanggeman kang akeh mau, Kang Warijan banjur alon-alon bali menyang ngarepan nemoni bojone.

"Mbokne...." kandha mangkono kanthi alon lan sareh, "Gandheng butuhe dhewe akeh, lan sesanggeman ya pirang-pirang, piye yen wedhuse didol?" Sing lanang banjur ngandhakake menawa kudu mbayar utang menyang koperasi lan SPP kanggo anake. "Ya ora prelu kabeh, didol loro wae tak kira cukup kanggo nutup butuh kang tumpuk-tumpuk iki". Krungu kandhane sing lanang kang katon sareh mau, Miyem mikir sedhela. "Wedhuse diedol? Ya yen pancen wis mbokkarepake lan ora ana dalam liyane aku ya mathuk Kang, terus kapan sing arep ngedol?" pitakone bojone marang sing lanang. 

"Lha yen kowe wis mathuk, sesuk tak gawane menyang pasar, sesuk rak Kliwon pas tiba pasaran, dadi rada rame." Temenan. Esuke, byar padhang, Kang Warijan wus ngetokake wedhuse saka kandhang, dipilih babone siji karo anakane sing gedhe siji. Lagi njedhul saka kampung wus diaruh-aruhi dening tangga teparone, ya mung diwangsuli yen arep digawa menyang kliwonan saprelu dilempit didadekake dhuwit. 

Wedhuse terus dituntun, sedhela-sedhela keprungu swarane mbak-mbek mbak-mbek, saut sautan, mbokmenawa krasa yen arep didol. Durung tekan pasar, ketemu tanggane maneh ing tengah ndalan, "Arep digawa menyang kliwonan ta, Dhi?" pitakone Lek Kasimin, tanggane cedhak. "Iyo, Lek, ajeng kula dadekke dhuwit, ngge nyaur utang," wangsulane blaka Kang Warijan. "Kok ya nduwe utang barang ta,?" pitakone maneh, rada nlesih marang Kang Warijan. Ora let suwe lakune wis tekan pasar, lagi arep mlebu lawangan pasar wus ana nom-noman loro, katon gagah-gagah sing nyegat. "Wedhuse napa ajeng disade, Pak?" pitakone nom-noman mau. "Inggih.. leres, Nak, wedhus kula niki pancen kula sade, lha mangga ta, mang tumbas," wangsulane Kang Warijan, "Gek mang tawa pinten, pokoke ndang dadi dhuwit.

" Panganyange nom-noman iki mengko kena dienggo ancer-ancer, wong dheweke ora ngerti reregan wedhus. "Dos pundi, Pak, yen kula bayar Rp 700.000?" panganyange. "Wah...nggih dereng angsal ta yen semanten, niki nyawa loro, "wangsulan mangkono karo tetep nuntun wedhus digawa mlebu njero pasar. Sawise mbayar retribusi pasar, wedhuse dituntun menyang nggone wong-wong kang padha dodol wedhus liyane. Ana kana akeh wong kang padha nakokake wedhuse, sing akeh ya blantik-blantik wedhus kang gaweyane pancen dol tinuku wedhus, malah ana sing dadi lantaran nawakake thok marang wong liya. 

"Disade pinten mendane Pak?" salah sijine wong mau ana kang takon, dene liyane padha melu ngrubung. "Enten jawi wau dipuntawa Rp 700.000," wangsulane Kang Warijan, "Hla ngga sampeyan wantun mbayar pinten?" "Nggih pun yen angsal kula bayar Rp 750.000," panganyange, "Wong sing setunggal niku tasih cempe ngaten." Bareng wektune ndungkap awan, sing nganyang ana njaba mau mlebu pasar nyedhaki dheweke. "Pripun Pak, dereng kedadosan regane?" "Dereng Mas, niki wau dinyang tiyang nika," karo nuding wong sing ngenyang wedhuse. "Rp 750.000, lha ngga ta mang undhaki regane mang buntu mawon." "Inggih pun kula bayare, buntu dados Rp 800.000 ta?"

Salah sijine nom-noman mau banjur ngetokake dompete, dhuwite sagebung didudut warnane biru akeh banget, tur anyar-anyar kabeh. Sawise dietung genep, nom-noman loro mau banjur gegancangan ninggalake Kang Warijan nuntun wedhuse sing dituku. Dene sing nampa dhuwit bayaran wedhus uga enggal-enggal metu saka pasar kang wus katon sepi. Mlakune kaya digelak, daya-daya enggal ketemu bojone butuh mamerake dhuwit payon wedhus sing anyar-anyar kuwi. Ing tengahe lumaku, dumadakan wetenge kluruk krasa luwe, wong sakesuk durung klebon apa-apa.

Mula bareng weruh warung sate, banjur mampir mlebu warung, aba sate tongseng karo segane pisan. Sawise krasa wareg kelingan bojone banjur njaluk diwungkusake sate bakar, kanggo oleh-oleh ngomah. "Sedaya kalih dasa ewu rupiah Pak," kandhane bakul sate. "Inggih...ngga artane," Kang Warijan ngelungake dhuwite saklembar. "Pak...nyuwun ngapunten dhuwit sampeyan niki mboten payu, niki palsu," kawetu kandhane bakul sate marang Kang Warijan. "Pripun Pak....dhuwite palsu?" wangsulane kaget, "Wadhuh lha kojur tenan iki. Kamangka sedaya nembelas lembar," karo ngetokake dhuwit saka kanthongane.
Kang Warijan atine tambah judheg, pandelenge klemun-klemun lan nggeblag, semaput.Embuh kepriye mengko anggone bisa crita marang bojone.

0 komentar:

Posting Komentar