Diberdayakan oleh Blogger.

Selasa, 26 April 2011

jamane wes 'edan'..melu yuk !

hmm ok kulo gak tau caranya curhat..jadi gimana mulainya kulo juga binggug...
Pancen amenangi jaman edan, sing ora edan ora kaduman. Sing waras padha nggragas, sing tani padha ditaleni. Wong dora padha ura-ura. Begjane sing eling lan waspada. Ratu ora netepi janji, musna prabawane lan kuwandane. Akeh omah ing ndhuwur kuda. Wong mangan wong, kayu gilingan wesi padha doyan rinasa enak kaya roti bolu(whuaaa...bhsane tuo tenan,hhee)
. Yen bakal nemoni jaman: akeh janji ora ditetepi, wong nrajang sumpahe dhewe. Manungsa padha seneng tumindak ngalah tan nindakake ukum Allah. Bareng jahat diangkat-angkat, bareng suci dibenci. Akeh manungsa ngutamakake royal, lali sanak lali kadang. Akeh bapa lali anak, anak nladhung biyunge. Sedulur padha cidra, kulawarga padha curiga, kanca dadi mungsuh, manungsa lali asale. Rukun ratu ora adil, akeh pangkat sing jahat jahil. Makarya sing apik manungsa padha isin. Luwih utama ngapusi. Kelakuan padha ganjil-ganjil. Wegah makarya kapengin urip, yen bengi padha ora bisa turu. Wong dagang barange saya laris, bandhane ludhes. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan. Akeh wong nyekel bandha uripe sangsara. Sing edan bisa dandan. Sing mbangkang bisa nggalang omah gedhong magrong-magrong. Wong waras kang adil uripe nggragas lan kapencil. Sing ora bisa maling padha digething. Sing pinter duraka padha dadi kanca. Wong bener thenger-thenger, wong salah bungah-bungah. Akeh bandha muspra ora karuwan larine. Akeh pangkat drajat padha minggat ora karuwan sababe. Bumi saya suwe saya mungkret. Bumi sekilan dipajegi. Wong wadon nganggo panganggo lanang. Iku tandhane kaya raja kang ngumbar hawa napsu, ngumbar angkara murka, nggedhekake duraka. Wong apik ditampik, wong jahat munggah pangkat. Wong agung kesinggung, wong ala pinuja-puja. Wong wadon ilang kawanitane, wong lanang ilang kaprawirane. Akeh jago tanpa bojo. Wanita padha ora setya, laku sedheng bubrah jare gagah. Akeh biyung adol anak, akeh wanita adol awak. Bojo ijol-ijolan jare jempolan. Wong wadon nunggang jaran, wong lanang numpang slendhang pelangi,ckk.cckkk.... Randha loro, prawan saaga lima. Akeh wong adol ngelmu. Akeh wong ngaku-aku, njaba putih njerone dhadhu. Ngakune suci, sucine palsu. Akeh bujuk. Wektu iku dhandhang diunekake kuntul. Wong salah dianggep bener, pengkhianat nikmat, durjana saya sampurna. Wong lugu keblenggu, wong mulya dikunjara, sing curang garang, sing jujur kojur. Wong dagang keplanggrang, wong judhi ndadi. Akeh barang kharam, akeh anak-anak kharam. Prawan cilik padha nyidham. Wanita nglanggar priya. Isih bayi padha mbayi. Sing priya padha ngasorake drajate dhewe. Wong golek pangan kaya gabah den interi. Sing klebat kliwat, sing kasep keplesed. Sing gedhe rame tanpa gawe, sing cilik kecelik. Sing anggak kalenggak. Sing wedi padha mati, nanging sing ngawur padha makmur, sing ngati-ati sambate kepati-pati. Cina olang-aling kepenthung dibandhem blendhung, melu Jawa sing padha eling. Sing ora eling padha milang-miling, mloya-mlayu kaya maling, tudang-tuding. Mangro tingal padha digething. . Jinejer wolak-wali
king jaman, wong nyilih mbalekake, wong utang mbayar. Utang nyawa nyaur nyawa, utang wirang nyaur wirang. Akeh wong cinokot lemud mati. Akeh swara aneh tanpa rupa.. Momongane padha dadi nayakaning prang, perange tanpa bala, sekti mandraguna tanpa aji-aji. Sadurunge teka ana tetenger lintang kemukus dawa ngaluk-aluk, tumanja ana kidul sisih wetan bener, lawase pitung bengi. . Sing tengah sirik agawe kapitunaning liyan, sing pinggir tulak talak colong jupuk winaleran,,Begja-begjane anak putu, iku dalan sing eling lan waspada, ing jaman Kalabendu nyawa...
jare2ne meneh,presiden saiki asring jenenge dipleset'ake..SBY=Susilo Bambang NYUDO NYOWO,aemboh knp kok diplesetake,tp jare2ne,iki jarene lho,hhee...mulo buko dadi presiden tekan seprene,akeh musibah sing gawe matine atusan,ewonan nyowo ilang sio-sio...aeeee,,emboh neh,ning intine ngono kuwi..wes yo Lurr...aku kesel nulis,sesuk meneh dilanjut liyo wektu..wes ngelih aku arak mangan sik,hhhee...

0 komentar:

Posting Komentar