Diberdayakan oleh Blogger.

Minggu, 08 Mei 2011

Ayo ''sambat''..

Umpama urip iki entuk milih, mestinya akeh uwong sing rumangsa nasibe ora cocok.Ya nek istilahe “ada yg perlu direvisi perihal suratan takdire”.

Rasa-rasane yo meh sebagian besar uwong mesti ngomong yen nasibe kok ra apik...enek sing mergane wes ngalami dewe awit cilik nganti tuwo mesti nandang cilaka terus utowo kere terussss, ono sing sakjane uripe wis rada lumayan ning merga lingkungan sekitare luwih mulyo dadi rumangsa nelangsa, ana meneh sing mung merga lagi ketemu masalah seolah terus iso menyimpulkan nek uripe iku cen sial terus.
Ning ya ono uga uwong sing ketoke uripe biasa2 wae malah sok-sok menurut ukurane awake dw masuk dibawah ''low end'' wae tapi atine malah rumangsa kecukupan terus.

Dadi memang nek gelem jujur sakjane masalah nasib sing lagi dialami iku tergantung kepiye ati lan pikirane awake dewe,lha wong sakjane standar derita kuwi menurutku lho,,yo embuh nek menurutmu,tapi nganggo mnrtku wae yo,lha wong iki tulisanku lan blogku kok,hhheee..pokoke nek mnrtku ,yen sampeyan iseh nduweni ati lan pikiran sing kebak pepinginan,,pengin ngono pengen ngene mudah tergiur iklan iklane tipi, ya bakalan abot uripe sampeyan mas..mbak..bu..pak..

Coba sampeyan penggalih , menowo atine sampeyan isine mung sewu siji kenikmatan duniawi,terus esuk mbengi..awan nggo wengi,wengi nggo awan..njungkel njempalik..endas nggo sikil,sikil nggo ndas..mung arep nggo nggayuh opo sing di angen2,,Ooo..ora suwe bubrah urip mas,,hhee...Ning nek sampeyan tak kiro njih mboten,tapi katah lho tonggo2 kulo sing mekaten..Tapi yen model kadhos sampeyan niku sing disenengi kaleh produsen, pedagang baik klas lokal ataupun global.Soale iso dijadikan kebon menuai keuntungan, Mulane klas menengah /priyayi kayak gitulah yg paling banter suarane, paling sering ngomong dan akeh penjaluke soale memang didukung sama barisan rapat pemodal gede.dadi ra jlz ngomong opo to aku ikik.,hhee...

Lha beda sama orang2 koyo aku iki, dalam statistik kelompok wes dalam golongan bawah ke samping...wis ndak sempat mbikin macem2 cita-cita2 mas, ndak sempat lah wong wektune entek buat ngantri lengo, ngangsu banyu,buat gresek sembako,uyel-uyelan.
Ya jelas lucu nek golongan kami ini kok yen nganti  kepengin mangan neng kafe, wong buat ngliwet wae masih pake jatah raskin kok..
Nyandang pakai pakaian sing modis jelas impian kecuali nek ada obralan menjelang lebaran.Otak kami udah ndak bisa diajak mikiran lifestyle gedongan mas, ndak punya waktu..!!!!.

Ning dibalik standar hidup sing minim lan sithik  gemerlap ndonya sing kami incipi dalam hidup ini, ada keberuntungan yg mungkin ndak sampeyan bisa nikmati atawa sampeyan ndak tahu cara menikmatinya.Justru karena otak ku sing terbatas daya pikirnya ..jujur aku ki  wong bodho,lha wong gawe blog wae ra dadi2 tekan saiki,akhire wes sak onone wae sing penting iso nggo tulis2an... wek,mlh ngelantur,bali menyang topik..

Srawung ku uga luwih enak,ndak kebanyakan aturan ataupun tatakrama, ndak dibebani sama gengsi,asing penting aja natuni atine liyan.
Nek luwe bisa mangan sembarang warung pinggir ndalan sing ono laler'e siji loro ora pp,sing penting murah,ra wedi roso isen nek ketemu konco,ra wedi yen bar mangan trus loro wetenge...
Nek weteng mulespun karena kewaregen,aku isobebas ngising nek ngendi wae,hhhahaaa..ngawurrr...!!!, ndak peduli setajam apa aroma t4i-ku dewe,hahaaaa....

Terus karena wis ndak mikirin gengsi, ndak butuh nimbang2 supaya terlihat santun di depan yg lain, cangkemku iso bebas ngomong utowo misuh..maksudku yen pas lagi kesandung po kepidak sikile uwong lho,hhee...
Jika pas ati ne wong koyo aku iki lagi susah, tinggal misuh : asu,wedusperasaan lagi jengkel karo tulisanku dewe iki,aku iso bebas ngomong : tai,telek..
aku ngerti misuh ki ''elek''..tapi anehe yen bar misuh misuh,ki kok ati ku kroso lego tur  nyaman ..mergo ngopo ye..?tak kiro sampeyan yo rodho mumet yen kon njawab,hhee..?Opo misuh ki yo termasuk obat yo nek ngono ki....
uripku memang sarwa gampang..mergo wong koyo aku ra gegeden penggayuhan..mugo2 konco2 ugho ra nduwe gegayuhan lan kepinginan sing kiro2 rekoso anggone nggayuh,men urip kroso penak lan ra nduwe beban sing abot..

0 komentar:

Posting Komentar