Diberdayakan oleh Blogger.

Rabu, 25 Mei 2011

MBELGEDES

Nek kamus opo wae mesti ra enek yen njenengan2 pengin goleki artine,ra percoyo..?cabo wae..!!!hhwee...
Nah,neng kene tak wenehi conto 'cara' utowo 'penggunaane kata mbelgedes kuwi mau,koyo esuk iki mau,aku lg wae ngobrol karo tonggoku sing jenenge Pakdhe SUGER,sing kadang kolo lagi ketemu priyayine aku wes ilfil disik,mslhe yen ngomong ra nganggo diatur trus kereb omongane sok2 sombong ngono.
Nah,esuk iki mau,aku lg wae cerito2 karo PakDe Suger sing lg 'khotbah' emboh opo aku ra ngerti opo intine,ning siji intine ..nyombong!rampung cerito karo nglinting mbakoku langsung bablas embuh arak ngandi meneh,karo neruske olehku 'leyeh2'..aku ngomong halagh..Mbelgedes!!!

Mergo ra percoyo,mergo emeng ngrungokke(maaf)ocehane,akhiri dgn diiringi langkah kepergianya ku ucapkan kata itu!
Nah,dadi kata mbelgedes ki,di enggo ngungkapke kekeselan ati,mergo saking jengkel lan ora percoyone karo opo sing diceritakke.cen boso iki mbokne dudu boso pakem,ananging sering di ucapke,lan di enggo ngungkapke uneg2 sing ono ati,gantine misuhlah intine,hhee..
Malah 'cah jogja' sing dho rodho 'kreatif' kata kuwi mau ditambahi 'benz'..!Dadi MBELGEDEZ BENZ,,sip kan,hhee..
Waduh sampe lali kopiku adem,sik yo dhilit ..tak ngopi sik..engko diteruske meneh..