Diberdayakan oleh Blogger.

Minggu, 01 Mei 2011

Merokok Itu Sehatkan Rohani,hhee..

Tempat,ruang gerak kami selalu dibatasi,
ning sebagai jamaah ahli hisap, aku tetep setia dengan kegemaran ngrokokku
Wis meh limolas tahun taklakoni,
meskipun sakjane ya durung klebu ahli hisap sing aktip.
Wong ngrokok-e seminggu ora entek sak slop,,

paling mung lima tekan sepuluh bungkus,Kuwi wae iseh diselingi nglintingi mbakone morosepuh,hhee..Dadine ya saya ndak terlalu panatik banget sama merk,,iso tuku sampoerna kretek alhamdulillah..samsu luweh alhamdulillah.. adhe udhut malboro yo sok njipuk,,
Disamping faktor asal muasal rokok , hal lain sing mara-i ketidakpanatikan saya terhadap merk rokok adalah moment sing lagi saya rasakke.
Nek bar mangan sing rada pedes,nglinting adalah pilihan sing pas kanggoku, krasa tekan mbun2nan nyamlenge..
Djisamsu karo sampoerna kretek,
cocok dinikmati karo nyruput kopi,
ndonya tambah endah tenan.
Di luar sisi negatip dan bahaya ngrokok,
kanggoku sing srawunge sama wong-wong ndalan gini, rokok justru nduwe beragam manpangat, baik saka sisi sosial ekonomi tekan religi(waduh,kok iso..?)..Mangkane to diwoco sik,hheewes ngeyel wae urung2 we..Pertama..
Rokok iso nguripi pirang-pirang wong ,
wiwit sedulur-sedulur petani mbako sing nandur mbako ,
tekan para sederek buruh nglinting rokok,nganti asongan sing ider neng bis/sepur ekonomi,
iso entuk sandang pangan saka rokok.Aku dewe nek pas ngalamun, ngeling-ngeling dosa lan kelakuan elek,
juga tambah nikmat nek sambil ngrokok..trus muncul roso bersalahku..njuk rampung udhut trus sholat njaluk ngapuro karo GUSTII..truss..alesan liyane..
Ngrokok gawe mikirku dan introspeksi diri saya makin intens
dan nek entuk nyilih ungkapane wong –wong pinter kae :
rokok adalah bagian dari kesadaran spiritual saya.Kaya pirang ndina kepungkur,
mung merga nyilih korek gas buat udud, rajutan paseduluran iso terjalin.
modal telung ler sampoerna kretek wae saya iso ngobrol asik sama sing nduwe warnet,akhire nek mung kurang seko sak jam nek warnet ra mbayar,hhee..
Telung ler rokok saya iso nggawe rumakete pesrawungan..
Dadi intine coba saiki pikiren kanti wening..arep neroske olehmu ngrokok po ora yen wes ngerti manpaate ngrokok sing gede kuwi mau..? Ning mbok wani sumpah mas, ndak ada niatan saya buat ngajak-ajak yg lain ngrokok lho.

2 komentar:

Hiroshi Endoso mengatakan...

hahahahaha..... setuju bos..

Amongraga mengatakan...

Om Hiroshi : Tenan tah ora iku angger setuja setuju wae.. :p

Posting Komentar