Diberdayakan oleh Blogger.

Kamis, 05 Mei 2011

Kangen Doeloe..

Kadang aku ki ya kangen tenan nonton siaran tipi
kaya jaman pembangunan mbiyen,
jaman rikala tipi hitam putih-.senadyano mung nunut nonton nggone mbah poer..Sing.Nganggo antene siji sing dipasang neng pucuk pring.

Tipine ireng putih merek-e jipici.
Siarane ringkes gampang takpahami saka sandiwara tekan musik,
wiwit siaran taman kanak kanak nganti irama seriosa
malah sering ana musik lautan teduh
(hawaian-kae neh..sing rok'ke nganggo godong gedang,hhee.. ).

Dasare wong ndeso kayak saya ini ,
mesti wae paling pas nek nontone acara ketoprak
sama daerah membangun termasuk acara dari desa ke desa ataupun siaran pedesaan.

Nek aku mbandingke siaran pedesaane ti-pi-er-i jogja mbangun desa
sama acara tipi saiki krasa banget nek adoh tenan bedane.

Mbiyen angger nonton acara mbangun desa rasane tentrem tur ngguyokake.
tentrem nek nonton pak bina menehi pitutur marang wargane,
adem,
ngguyokkke weruh polos lan bodone sronto sakkluarga,
ngekek nek weruh polah kemakine den baguse ngarsa.
Pokok-e nek mbangun desa rampung neng ati ki rasane marem.

Pituture pak bina ki iso mrasuk njero ati,
walaupun ora akeh pengucape.
Pituture pak bina iso diijlentrehke nganggo lelakon kahanan sehari-hari,
tanpa kakean cangkem.
Pituture pak bina iso dirungokke
tanpa kudu ngabangake kuping.
Ning yo kuwi angger2 setrume aki entek,gek rung nduwe dwt nggo nyetromke akhire akine dieman2 nggo nonton ketoprak sesuk,jare mbah poer..,angger nerak koyo ngono  kui aku kelangan bayangane pak bina lan sronto,
kelangan ular-ular kawicaksanan sing tanpa obahe lathi

Beda nek saya nonton tipi saiki.
isine kakean wawancara thok, sering nganggo eyel-eyelan arep padu.
ahli sing siji ngomong ngene, wong pinter liyane mbantah ngene.
marahi mbingungke tenan.

Malah akeh sing tanpa duwe isin ,metu neng tipi
tampil seolah temenan anggone dadi wong apik.

Ana garong sing tampil seolah terdzolimi merga dompete dicopet
Ana presiden sing mewek mbrebes mili merga diarani jirih lan gembeng
Ana lonthe sing ngaku dikhianati bojone sing selingkuh
Ana sing selingkuh ning nganggep nek kui jenenge mburu cinta sejati
Ana sing ngentekke duit negara ning malah bangga lan ora rumangsa dosa
Ana ahli agama sing nek ngendikan sok suci seolah ora mambu neraka babarblas
Ana ahli paugeran negara sing seolah pisan ji wae durung tahu nerak aturan
Ana wong pinter sing ngecuprus mbabar lan ngudar ngilmune ,
ora ben wong liya dadi paham
ning merga kepingin wong liya weruh lan ngakoni nek dhewekke ki pinter lan kendel

Dadi nek saya piker kok priyayi pinter kae malah tambah akeh gorohe ya

Wong pinter kok gunemane malah ora gawe padang pikirane wong cilik,
ora gawe ademe suasana

Wong pinter kok malah kemlinthi,
ngomongke dalil-dalil ngilmune kaya pengpengan dewe.

Wong pinter kok malah dadi cepet ilang perilaku
lan pangucapan andhap asore.

Wong pinter kok malah tambah bingung
anggone nyontoni wong liya.


Aeeee...embuh neh,ra sudik ra rep mbahas kuwik.
nek wong tuo2 mbiyen ki biasane ngekek'i wejangan ki rupo nasehat nasehat :
supaya wong liya dadi bener
supaya wong liya dadi pinter
supaya wong liya dadi alim
supaya wong liya dadi andhap asor
Ning yo....
iso ugo..sampeyan lan aku ki melakukan kebohongan berdampak sistemik(hahahaa..bhsne Wong Century tak enggo...),hheee..pokok'e century bgt.., seolah-olah :aku lan sampeyan ki wis bener..aku lan sampeyan ki wis pinter...aku lan sampeyan ki wis alim ...aku lan sampeyan ki wis andhap asor..wes ach...mumet aku..sesuk meneh nulise..dadi malah pengen ngombe paramek..mugo2 ..gek waras..gek iso nulis meneh..

0 komentar:

Posting Komentar