Diberdayakan oleh Blogger.

Kamis, 05 Mei 2011

MINTA MAAF...

“ nek arep ngelingke lupute liyan ki ya mbok nyuwun sewu dhisik “( pangandikane wong2 tuo... )
Salah sijine keuntungan uripku selama ini adalah wiwit lahir jebrot aku berada di lingkungan jawa,
ambeganeku ya nyerot hawa jawa,

banyu sing takombe ya saka tuk lan udane tanah jawa.
Mulane meh kabeh berkiblat neng keharmoniane wong jawa..(ning Baspak"aku dudhu wong jowo,tp yo ra pp..)Mungkin bisa jadi ini membuat ku kalah sak-kertu ,aku wonge ra pelit..ning yo ora royal,mung wae
neng entuk rejeki aku ra lali ro konco2 ugho anak yatim,hhee,tapi salah sijine mergo seko kuwi aku dadi nduwe sedulur lan kanca sing sumebar,
iso nggo papan jujugan nek pengin ngaso lan ngeyup.Ora sithik lho justru saka sedulur lan kanca2 kuwi aku iso entuk pelajarane urip sing manjur tenan.
Pelajaran urip sing kok ya pas tenan nek nggo mensikapi kahanan urip sing sok-sok angel dinalar
( jane ya mung merga kemampuan nalar ku wae sing limited banget ).Kahanan urip saiki memang ora gambang buat dijalani ,
ngelmu sekolah wae kadang ora cukup nggo modal urip.
Malah kadang ngelmu agama wae kereb diterak ,
sering dilanggar lan disiasati ben uripe kepenak,
ya paling ora dinggo gampangke urip lah.Aku pinter ngelmu sampeyan ,
durung mesti aku gampang lan kepenak urip sing kudu mbok lakoni lho mas.
Bisa wae kepinteran lan ngelmu kita justru membuat beban urip malah dadi abot lan ruwet kok.Nek drajat duwure ngelmu kita ndak dibarengi sama tematane ati sing jejeg lan luwes,
ndak didasari sama sumarahe niat marang sing gawe urip,
( apameneh nek ora dikukubi rasa andhap asor kanggo ngrengkuh paseduluran sing raket )
malah dudu kawicaksanan sing bakal pinethik mengko,
justru rasa adigang-adigung,
rumangsa iso kabeh, keminter,
tansah gampang golek kurange liyan,
nek kahanane ora mbeneri isine mung sambat terus.
Mung mbingungi lan khawatir terus.Ketemu wong liya dapure mrengut,
ora nggagas blas
Apamaneh nek kesenggol sithik,
aja nganti mas, wani ramene
Ibarate kecipratan banyu wae iso diwales mbalang tai..Angel banget njaga apa sing dianggep hak-e
Ora kena kedemok wong liya.Mula ya saya memang rumangsa bathi tenan mas,
iso melu nyinaoni lan nempil ngilmu urip saka lingkungan jawa saya.
Mligine saka wong-wong sing cerak aku, saling nglengkapi mas.
Urip ku dadi tansah untung terus(senadyan ora sitik rugine,ning mergo kuwi mau,aku dadi rumongso sugih..pdhl yo mung kere,hhee)Kaya pangandikan wong tuo2 mbiyen
“ nek arep ngelingke lupute liyan ki ya mbok nyuwun sewu dhisik “
angger dipraktekke srawung kita dadi uenak tenan lho,
nyuda mungsuh akeh,
sing dielingke ya ora dadi ketaton atine,Trus nek iso wani ya njaluk ngapura marang wong sing wis nyalahi awake dewe ,
iki bisa menjauhkan kita dari rumangsa duwe hak menghukum orang lain mas.
gampangane kaya nek sikile kepidak wong liya, aja nesu sik,
malah njaluk-a ngapura marang sing midak..(menurutmu kowe iso nglakoni ra jal,nek ngono ki..)Wani ngakoni lupute dewe
Wani ngakoni apike liyan
Lan wani njaluk ngapura marang wong sing wis nyalahi awake dewe
( dan berani minta maaf kepada orang yg telah berbuat salah kepada kita )
Mugo2 kanti tumindak lan ati kang andap asor marang sepodo2,awak'e dewe tansah di kei panjang umur..ati tentrem..lan kesehatan marang Gusti ...Amin...