Diberdayakan oleh Blogger.

Minggu, 01 Mei 2011

Aneh'e wong Kutho..

Nek ndelok apa sing ana di sekitarku saiki, sok-sok ya ngguyokake.
Pripun mboten lucu to mas.,mbak.., jaman saiki ini lak nggolek informasi apa wae saya gampang.
Arep pengin ngerti berita kriminal neng tv,koran akeh banget, iseng2 nggolek gosip selingkuhe artis apa pejabat sak ombyokan,
sambil delikan iso nonton gambar-gambar lher neng internet,
dan di saat sunyi sepi iso nyetel filem xxx ..
sambil ngampet-ampet sirah sing meh jebol angane.
Dus sakjane pengetahuan ataupun info apa wae wis cemepak neng ngarepe dewe,
tinggal sing arep dijukuk sing endi, kari milih thok.Wis dadi sifat dasare menungso tentunya hal-hal sing berada diluar cenderung lebih menarik, luwih nyedhot perhatian kita..bjone liyan contone,hhee..
Ya gampangane nek kelas ndesit kaya aku gebyare kota memang sangat terasa mengundang rasa pengin tahuku.
Pengin ngerti kemajuane kutha, pengin weruh gaya uripe wong kutha, kemecer iso niru nyandang penganggone wong modern.Neng mall jajan fret ciken ( jebule mung pitik goreng diglepungi ), mangan pitsa,
tuku klambi sing sesak methet-methet,
nganggo clana mlotrok nganti kethok sigarane bokong.
Omongane soal musik, soal bandne cah enom atawa artis2 sing lagi ngetren,
apamaneh artis sinetron wis bener2 dadi kiblat urip.
Meh kabeh sing ana neng sekitare serba gampang, serba cepet serba instan.
Arep mangan iwak pitik, mak wus wis cemepak neng piring, ora sah angel2 mbeleh pitik,
mbubuti dewe , kuna mas.
Ngersake dahar bakmi,ana mi instan , geri dicuri banyu panas.Kanggone cah kutha atawa wong modern , apa sing tersaji neng atmosfer kutha itu memang cocok dan pas sama cara uripe.
Pas sama selerane, pas sama apa sing dicita-citakan.Cuman nek buat wong nggunung kayak aku yo ora cocok.
Wong awit cilik ndak terbiasa akrap sama cara hidup kayak gitu kok.
Dikon ngrasakke fret ciken ya rasane sepoh, mblenger rasa motone ( vetsin ) gurih-e ndak semanteb nek mbeleh dewe pitik kampung.Meski pakane pitik kampung mung turahan sing ada di tempat sampah,
ning iwake luwih lezat dibanding pitik potong sing pakane konsentrat gawean pabrik.Ndek mbiyen saat isih cilik ,saya dijak simbah dolan neng panasan, nonton montor mabur .
Neng ngarepe wong akeh tanpo roso isin aku mbengok2 :"montor maburrr..njaluk duwiteeeeeeee...mslhe pas kuwi aku rep jajan bakso wae disemayani suk nek bar panen..wuoww.."
jaman saiki aneh2 yo..opo mungkin ye sing lagi moco iki aneh ugho..?hhee..
Wes ah,sesuk meneh nulise,kesel..ngelih tur ngantuk...monggo..pareng..!

0 komentar:

Posting Komentar