Diberdayakan oleh Blogger.

Selasa, 17 Mei 2011

GOR BONGSONE PORO BEDEBAH

Negeriku sing jare loh jinawi,toto,titi tentrem,kerto raharjo ..kok saiki dadi negerine sing lagi nyekel panguoso..panguoso sing koyo munyuk..kadal..lan boyo...!Okeh masalah sing ora nganggo rampung..trus dilalekke mergo enek masalah sing luweh 'anget' diobrolke..contone...
mslh bank century urung rampung,genti mslh gayus,mslh gayus rung rampung genti mslh bom buku,sing ngebom sopo rung ngerti genti mslh meneh...ngono teruuuuuusss...pokok'e smpe sak modare...jare jarene sich..indonesia ki negoro hukum,ning kuwi jarene lho,nek jareku indonesia ki mung negoro ''omdong''..bahasa gaul;e ''omong tok''..!
Anggota DPR mung senengane 'kelayapan'.,syuting nek tipi,ubrus,umreg,.nontn bf,malah ono sing nyambi dadi 'bintang' bf,ngono kok pgn negoro'ne maju..?Sing dadi aparat Negoro,senenge mung ngembat duwit rakyat,gawe rakyat bingung,ngomonge mencla-mencle..ngono iseh njaluk mundak gaji,opo ra ngguyokke..?
Malah sing aparat tingkat paling ngisor dewe,KADUS(kepala Dusun)senenge mung ngejokke proposal njaluk duwit,alesane kanggo pembangunan dusun,ning yen wes metu ,di enggo kepentingane dewe,dumweh rakyate ra enek sing ngerti..!Opo koyo ngene iki to sing di jenengke negoro sing bermartabat..?Ayo..podo dipikir,trus digelar digulung..yen koyo ngene menungso(mf..kasar sitik,hhee..) sing nyekel panguoso opo yo iso maju bongso iki,padahal nek menurutku sing tak tonton saiki,kasunyatane,jare saiki jaman pembangunan,ning kok soyo okeh sing dadi pengangguran..Opo maksdte pembangunan ki,menambah pengangguran..?
Trus salahe sopo nek kahanan koyo ngene iki..?Dipikir bareng2 yuk..!