Diberdayakan oleh Blogger.

Selasa, 17 Mei 2011

Bahasa Gaul Anak Jogja

Sebenere aku gak mudeng,asal_muasal kata ini tp wes ra sah mbahas asal usule,marakke budrek mlh ngombe bodrek mengko..Cah Jogja mesti ngerti bahasa iki..mlh wes suwe bahasa iki dadi icon produk kaos asli jogja(aku ra iklan lho..
)Boso iki dijupuk seko aksoro boso jowo kuno ,sing ra ngerti aksoro jowo kuno(honocoroko..)ojo ngimpi iso ngerti boso iki,senadyan rumuse mung diwolak walik,ananging yen ra ngerti lan ra apal honocoroko,mesti wae ra bakal iso lan paham boso iki..!
Aksoro Jowo mbiyen ki ono 20..ngisor iki tak tulis huruf per huruf'pe..


Nah,saiki rumuse..rumus boso DAGADU..iku mung mbolak-mbalekke tulisan..dadi intine,masudku rumuse..Huruf sing ono nggon Baris 1 di ganti baris sing nomer telu(3)..terus Huruf sing ono Baris Nomer 2 diganti Baris nomer papat(4)..Contone..MATAMU..DADI DAGADU..!
Wes yo gek disinau dewe..men sampe apal,engko nek wes apal,yen misuh opo ngelokke kancane nganggo bosone dagadu wae,men rapati kasar ugho wong sing ra ngerti yo ra paham opo sing mbok omongke..!
Artikel iki dudhu iklan,tapi sing rumongso..lan pengin iklan nek kene yo maturnuwun bgt,hhehee...
O iyo nganti lali,translate sing ono samping dicoba wae ya,iki tak colong seko nggone Mas Ronny@lantip,hhee..maturnuwun mas ronny...semoga sukses selalu..jozz pokok'e...