Diberdayakan oleh Blogger.

Kamis, 12 Mei 2011

NIKMAT NGOPI

Lagi moco wae mesti wes podho mbaygke ..kopi...kopi sing lagi kemebul..cen nikmat tenan..wayah esuk..trus ngopi pacitane jajanan pasar,udhute LA..
(lintingan asyik)..jiaannn..ndonyo gonku dewe pokok'e..!Tapi yo rasithik sing wesangger krungu wong omong 'kopi',awak'e wes mriang mergo mboh mangkel,mboh raseneng..mlh ono uwong sing ngomongke yen ngopi kuwi identik ro awak rasehat lan 'melek'an'...yo orawae..mangkane diteruske olehe moco ya...
Menowo aku sih kopi luwih identik karo 'paseduluran' lan ngangsu kawruh,kok iso..?iso wae..Pengin le sesrawungan tambah konco lan sedulur..?gampang..cukup modal telungewu rupiah,kuwi wes sak gorengane papat lho,nah,yen wes nyekel duwit telungewu rupiah mau,sampean budalo nyang warung kopi opo 'angkringan'..nek kono mesti wes nunggu wong akeh sing podho lg ngopi ugho mangan..o iyo modal 3ewu sampeyan iso lungguh sak gelemmu lho..nah saiki yen wes ngedep kopi ro udhut,mesti senajano sampean ra knl karo bakul lan sing jajan nek kono mesti wae,mboh sampean mboh sing dho lg jajan ugho podho2 le,ngopi..mesti ngajak knlan trus jagongan ngalor ngidul sampe sak kesele pokok'e..kuwi sing tak arani mergo kopi 'paseduluran tambah..nah saiki mergo kopi ugho awak'e dewe nduwe ilmu tmbhan mergoanggone ngobrol kuwi mau..sing maune ra ngerti dadi ngerti..sing maune ra krungu kabar dadi weruh..kuwi sing tak maksud nambah ilmu mergo kopi...
Saiki tinggal awak'e dewe sing ''nggelar nggulung'',asline kopi ki okeh manfaate opo mlh ra manfaat..?